Ilingo gak
khasil ilmu anging nem perkoro
Bakal tak
ceritakke kumpule kanthi pertelo
Rupo limpad,
lobo, sabar, ono sangune
lang
piwulange guru lan sing suwe mangsane
*
Jo takon
songko wong siji takono kancane
kerono
saktemene konco manut kang ngancani
*
Yen ono
konco olo lakune ndang dohono
yen ono
konco bagus enggal ndang kancanono
*
Ngajiho
kerono ilmu mahesi ing ahline
lan
ngunggulke lan dadi tonndho tingkah pinuji
*
Onoho ngalap
faedah saben dino ing tambah
songko ilmu
lan nglangi segoronr faidah
*
Ngajiho
fikih kerono ngunggulke lan nuduhke
maring bagus
lan wedi Allah luwih jejekke
*
Ilmu fikih
kang nuduhke dalane pituduh
Hiyo benteng
kang nylametake sekehe pekiwo
*
Wong ngalim
fikih siji tur kang ngedohi haram
luwih abot
timbang ‘abid sewu, mungguh syaithon
*
Gedhene
kerusakan wong ngalim gak ngelakoni
Luwih gedhe
timbang iku wong bodho ngelakoni
*
Karone iku
agung-agunge fitnah dunyo
Tumrape wong
kang tetanggan perkoro agama
*
Siro
kepingin dadi ‘alim fikih kang weco
ra tanpo
kangelan edan iku werno-werno
*
Onoto golek
arto ora kanthi kangelan
dene ilmu
koyo opo khasil gak kangelan
*
Naliko
sampurno akale kedhik guneme
lan nyatakno
kumperunge wong yen keh guneme
*
Matine wong
sebab kepleset lisane
ora kok
matine sebab kepleset sikile
*
Dene mlesete
lisan nekakke balang endhas
dene mlesete
sikil suwe-suwe biso waras
*
Wong duwe
ilmu urip langgeng sakwuse mati
dene
adon-adone bosok ning ngisor bumi
*
Wong bodho
mati khale mlaku ning ndhuwur bumi
den nyono
wong kang urip nanging podho wong mati
*
Kabeh wong
maring derajat luhur obahe ati
Tapine
kedhik poro rojul iku netepi
*
Naliko ono
siro iku wuwuran kaum
mongko
ngancanono siro ing baguse kaum
lan siro ojo
sok ngancani wong kang asor
mongko sebab
den sor ke serto kang asor
Tidak ada komentar:
Posting Komentar